Contoh sesorah (pidato) bahasa Jawa

 
 
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
 
Katur kelompok remaja tani “Suka Jaya” ingkang winantu kinurmatan. Munjukakaen puji sukur wonten ngarsa Dalem Gusti Allah ingkang sampun ngganjar kawilujengan, katentreman, miwah karaharjan tumanduk dhumateng kula panjenengan sadaya. Sasampunipun sami pinanggih wilujeng ing wanci siyang punika kula badhe ngaturaken andharan sawetawis kanthi irah-irahan “Mupangatipun remen nenandur”.
 
Jaman samenika naminipun pasiten sampun awis sanget, langkung-langkung wonten ing kitha ageng, pasiten sampun aji sanget, manapa malih pados pasiten ingkang jembar, badhe pados pasiten ingkang sekedhik kemawon sampun kangelan, upamia wonten tentu kemawon reginipun sampun awis sanget. Menapa ingkang kedah katindakaken ngadhepi kawontenan ingkang kados mekaten? Kados pundi caranipun nggulawentah pasiten ingkang namung sekedhik menika nanging saged kathah mupangatipun. Wonten unen-unen gemi nastiti ngati-ati dhateng pasiten menika maksudipun kados pundi? Kita kedah ngrumaosi bilih pasiten menika boten badhe tambah, nanging kapara malah saya suda amargi kangge kabetahanipun tiyang kathah ugi warni-warni. Gemi ing pasiten tegesipun ngginakaken pasiten punika kangge kaperluan ingkang wonten mupangatipun kangge kaperluan gesang. Sampun ngantos wonten pasiten ingkang namung dipunumbar dados ara-ara kemawon. Kangge nanggulangi kawontenan rupegipun papan pasiten saged migunakaken cara nenem mangangge pot, ingkang dipunpapanaken wonten ing tritisan utawi wonten sangajenging emperan griya. Kapilih taneman ingkang prasaja kemawon, inggih punika taneman ingkang alit-alit lan boten inggil sarta mangsa tanemipun boten dangu. Kadosta rawit, terong, sawi, sledri, tomat, brambang, bawang, lan sapunggilipun. Sadaya taneman kalawau wonten guna paedahipun, katimbang dipuntanemi namung sesekaran kemawon ingkang namung ngresepaken ing pandulu kemawon. Mesthinipun kapilih taneman ingkang kajawi ngresepaken ing pandulu ugi saged dipunpendhet mupangati kanthi wulu pametunipun. Sauger wonten siti ingkang wonten sesela-selaning pekarangan kedah saged dipuntanjakaken kangge nanem taneman ing wulu pametunipun saged nambah pengasilan kaluwarga.
 
Para kadang remaja tani ingkang winantu pakurmatan. Makaten sekedhik andharan saking kula, mugi-mugi wonten guna paedahipun tumrap kemajenganing oleh tetanen mirungganipun kangge para remaja tani “Suka Jaya” kathah kekiranganipun kula nyuwun pangaksama.
 
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Related Posts:

0 Response to "Contoh sesorah (pidato) bahasa Jawa"

Posting Komentar

Pages

Diberdayakan oleh Blogger.